RAKU lan ROKU
RAKU lan ROKU
Ing sawijining dina, enten asu sing namine Raku. Raku niku asu sing bandel tur nakal, senengane keluyuran kalih kanca-kancane, ibune biasane mboten ngolehi, nanging Raku tetep bangkang. Raku biasane dolanan ing pinggire sampah, lan teng mriku Raku kalihan kancane golek mangan lan dolanan bareng. Raku senengane dolanan ing panggon sing rusoh tur mboten peduli kalihan lingkungane.
Raku gadhah kanca sing namine Roku, Raku lan Roku iku biasane dolanan bareng, lan Roku biasane ngancani Raku teng pundi wae Raku tindak.
Ing sawijining dina, wektu Raku lan kancane iki dolanan bareng tibake katekanan wong loro sing awake gedhe-gedhe sing arep buru asu-asu liar kangge di sade. Raku, Roku lan separo kancane ke tangkep karo wong penjahat loro kuwi, lan sing liyane padha kabur dhewe-dhewe. Tekan jero karung Raku krungu swara guyune penjahat iku. "Ha....ha....ha...ha...asil dina iki lumayan Bro!! mesti sakwise niki bakal oleh dhuwit akeh, karo adholane sing pol larang-larang ". Matur salah sijine penjahat iku.
Sampun semono suwene perjalanan, akhire Raku lan kanca-kancane tekan omahe penjahat iku, Raku lan kanca-kancane mau di lebokne teng jerone kandang. "Waah...teng pundi niki? kenapa Roku lan liyane wedhi?", Takon Raku. "Ketoke kene bade di sembelih utowo di pangan", Jare Roku. "Adhuh!! pripun niki, kene kudu cepet-cepet metu saka kene", Omong Raku. "Nanging pripun carane?", Bales Roku. "Kene sedaya nyoba nggawe keributan supaya penjahat mau ngira kene kabeh keleson", jare Raku. "Nggih mpun!", Bales Roku.
Sakbare niku Raku lan kanca-kancane nggonggong kalih swara ribut tur banter, "meneng!!", Omong penjaga (karo nuthukna tangane ning kandhang)....."apa kalian pengen cepet mati??, kenapa podho lesu nggih mpun nek ngoten!! Pisan niki mawon lan sateruse kalian kabeh sing dadi pakananku hahaha....", Omonge penjaga.
Penjaga iku ngelebokne pakanan karo mbukak lawang kandhang, "sakniki, mlayu!!", Omong Raku. Lan kabeh kanca-kancane mlayu metu saka kandhang mau." He...!!!aja mlayu!", Omonge penjaga karo nggudhak asu-asu iku, nanging penjaga kuwi ora isa nemokake asu-asu iku, lan asu-asu iku bebas.
Ing tengah dalan Raku lan Roku omong-omongan, "Akhire kene bebas ya Raku". Omong Roku, "Iya....ah seneng banget ya kayak dolanan gudhak-gudhakan ning game wae, ha...ha...ha". Bales Raku. "Ih apa toh Raku ngeneki jare kayak dolanan ning game, dasar kene kabeh mau ape mati Raku, omongmu kuwi sing ogak tak senengi kawit biyen, tibake kejadian dina iki ora isa gawe awakmu berubah ya Raku, sampek kapan awakmu ape berubah?", Omong Roku. "Halah awakmu iku ngerti apa tentang aku iki!!", Jare Raku. "Aku iki wis kancanan karo awakmu kawit cilik dadine aku wis ngerti sikapmu iku piye!", Omong Roku. "Ah!! males omongan karo awakmu, mboh poko'e aku sesok ape balik dolanan ing panggon sampah mau, ning kono seru banget ketimbang ning omah bosen!!", Jare Raku. "Raku aja dolanan ning kono malih, awakmu gelem ketangkep malih?", Omong Roku.
Raku sing wis gelo karo omongane Roku mau, Akhire Raku ninggal Roku dewean ning hutan. Roku sedih karo sikape Raku sing ora berubah lan Roku kesel ngetotke Raku dolanan lan karo sikape Raku sing tasik keras kepala lan bandel. Roku lan Raku sakniki wis ora dolanan bareng malih, nanging Raku ora peduli karo Roku sing penting Raku sakniki bebas soale ora ngarah ana kancane sing nuturi ndekne, lan sing ngelarang ndekne malih.
Ing sawijining dina, Raku lan kanca-kancane balik dolanan ing pinggire panggon sampah sing rusoh kayak ndek wingi, nanging Raku dolanane karo kancane sing anyar soale kanca-kancane sing ndek wingi wis kapok dolanan ning panggon sampah, lan ora pingin ke tangkep malih karo wong-wong jahat sing apene ngedhol asu-asu liar iku. Raku wis di kandhani kalihan kanca-kancane terutama Roku, nanging Raku tetep wae ora peduli akhire Raku dolanan karo kanca-kancane sing liyane.
Sampun semono suwene Raku lan kanca-kancane dolanan tibake wong-wong penjahat sing ndek wingi teko malih karo gowo karung, Raku lan kanca-kancane padha ketangkep malih. Setibane Raku ning omahe penjahat iku, Raku lan kanca-kancane di lebokne teng jero kandhang, kabeh kanca-kancane Raku padha wedi lan mikir sing aneh-aneh, nanging Raku santai lan ora wedi."Raku awakmu kok ora wedi ?",Omong kanca-kancane Raku. "Yaya lah aku wis ngerti ben Isa metu saka kandhang iki!!!, Lan kalian kabeh ora usah padha wedi lan sedih, ijek ana aku sing isa ngiwangi kalian metu saka kandhang iki".omong Raku.
Tibake penjaga sing ndek wingi teka lan nyincing gulu Raku "he!! awakmu asu sing wingi kabur iku toh!!, sak iki awakmu ora ngarah isa kabur malih hahahahaha...."Omong penjaga. Raku sing awake gemeteran lan wedi di cincing karo penjaga mau sing apene mateni Raku karo piso sing di cekel penjaga iku. Gang pirang menit Raku ucul saka tangane penjaga wau lan penjaga iku spontan kaget pekoro sikile di cokot asu cokelat puteh, tibake iku Roku sing wis nyelametno Raku saka penjaga iku, lan nyelametno kanca-kancane saka kandhang penjaga iku. Akhire penjaga iku mau muring-muring lan nggudhak Raku lan Roku, nanging penjaga mau kalah cepet karo asu-asu iku, lan asu-asu iku kabeh bebas.
Setibane ning hutan Raku njaluk sepuro kalihan Roku sing wis nyepelekno nasihate Roku lan Raku wis nyesel karo sikape sing keras kepala lan ora manut karo wong tuwane, gara-gara sikape iku Raku ape mati ning tangane penjaga mau, untung Roku nyelametno Raku saka penjaga iku. Sak iki Raku wis sadar lan dadi asu sing apik tur manut kalihan wong tuwane, Roku nderek seneng kalihan perubahane Raku sing sakniki.
Mugi-mugi niki isa dadi pelajaran kangge Raku utawa sing liyane, poko'e iku nasihate wong tuwa kudhu kene turuti lan aja dadi bocah bandel kayak Raku mau, mengko ana balesane dhewe-dhewe lan kudhu manut marang wong tuwa.
Komentar
Posting Komentar